“Gagale Wayang Ning Nyawang Monyet Lan Ngambah
Laut”
Sedurunge, aku karo kanca
sekelasku diajak jalan-jalan nang pak Amin, kayane si anu pengen jalan-jala
tapi nggo alesane pelajaran bahasa jawa karo seni, hehe.
Ora ding, emang dewek arep
ngunjungi museum wayang nang Banyumas, meng cikakak ketemu monyet-montyet karo
meng teluk penyu ben tambah pengalaman karo pengetahuan, wis direncanakna
tanggal 21 februari.
Tanggal 21 februari, isuk-isuk wis pada siap nganggo klambi pramuka,
ana sing gasik wis juguran nang ngarep warung, ana sing muter-muter golet jajan
nggo sangu, ana sing ribut nggoleti tongsis nggo foto-foto.
Bis cilik karo kernete
wis nungguni nangarep sekolah, ora let sue pada mlebu trus mangkat.
Pertamane meluncur meng
museum wayang, tapi ndilalah malah tutup anu urung konfirmasi karo sing njekel
kunci museume, aku ya mandan seneng soale ben sue nang teluk penyu, wis
ngarep-ngarep banget weruh banyu.
Akhire meng cikakak
disit, nangkana pertama medun bis langsung tuku kacang nggo ngempani monyete
jere. Trus mlaku ngetutna pak Amin, nang dalan di sambut rame banget nang
monyet-monyet, bener-bener gawe mrinding lah, kaya due fans akeh ngono.
Kiye ana gambare kancaku
karo bakul kacang karo monyet-monyet tapi nang poto katone sitik tok monyete.
(kang
mburi kaos ireng aziz muzaki, sing klambi pramuka mburi gyan, karo ngarep
sanding ninine ipul)
Akhire
tekan meng masjid Saka Tunggal, masjid sing sakane mung ana siji.
(Pak Amin)
(sekang sebelah kanan ngadeg Bangin,
Pak Amin, Eva Zulaiha, sing ngisor Restu karo Jamaludin)
Pas
banget tekan disitan nang masjid, langsung poto, tapi trus ana sing jaga/ juru
kuncine teka dadi ora ulih poto-poto keakehen, kon pada nang jaba/serambi
masjide bae nek nangkana kon nggo doa tok.
Bar doa bareng-bareng pindah meng serambi trus
dicritakna nang juru kuncine nangapa diarani masjid saka tunggal tur nangapa
akeh monyet nang desa kue.
Masjid
sing arane Masjid Saka Tunggal Baitussalam utawa sing sering disebut Masjid
Saka Tunggal sing ana nang desa cikakak,kecamatan Wangon Banyumas, Kabupaten
Banyumas, Provinsi Jawa Tengah, sing lokasine mandan adoh kang jalan raya
menuju gerbang, letake nang tengah-tengah pedesaan sing perek karo taman
monyet, mulane nek wis nang gerbang kue mesti ditutna sepanjang jalan ang
monyet-monyet.
Masjid
Saka Tunggal dibangun tahun 1288 M. Kaya sing tertulis nang prasasti nang saka
masjid. Masjid kie juga lewih tua kang kerajaan Majapahit sing berdiri tahun
1294 M.
Disinyalir
masjid kie berdiri pas masa kerajaan Singasari. Masjid kie dadi siji-sijine
masjid nang pulau jawa sing dibangun adoh sedurunge era Wali Songo sing ana
sekitar abad 15-16 M. Nek diitung mundur ya masjid kie kira-kirane wis 2 abad
sedurunge era Wali Songo.
Sejarah
Masjid Saka Tunggal seringe dikait-kaitna karo tokoh penyebar Islam sing nang
Cikakak, Asmane Mbah Mustolih sing hidup pas masa Kesultanan Mataram Kuno. Kue
makane ora gumun nek unsur kejawene masih cukup melekat. Nang syiar Islam sing
Mbah Mustolih lakukna, Mbah Mustolih emang ndamel Cikakak dadi “markas” sing
ditandai pembangunan masjid karo tiang siji/tunggal kue.
Tradisi
sing nang Masjid Saka Tunggal kue, ana pira sing arep tek sebutna..
1.
Zikir
karo nada kidung jawa
Nek
nunggu waktu sholat jumat jamaah karo sakwise sholat rampung, jamaah zikiran
karo sholawatan nganggo nada kaya nembang jawa, bahasa sing digunakna ya
menarik nanggone campuran arab karo jawa sing disebut tradisi ura-ura.
2.
Busana
khusus imam karo muazin
Ana
klambi khusus sing gur di nggo nang imam karo muazin Masjid Saka Tunggal, yakue
udeng/ ikatan sirah motif batik warna biru karo campuran gamis putih dawa. Ora
ana imam karo muazin sing nganggo kopiyah apa peci sing biasa dinggo nang
Indonesia.
3.
Ora
ana pengeras suara
Ana
sing menarik nang masjid kie, biasane nek masjid liyane due muazin siji tok,tapi nang kene due papat muazin sing
bareng-bareng ulih adzan mulane ora butuh pengeras suara nggo ngingetna wektu
sholat nang masyarakat setempat.
4.
Kabeh
sholat dilakokna karo jamaah
Kabeh
rangkaian sholat jum’at kaya sholat tahiyatul masjid,kobliyah karo ba’diahe
sholat jum’at, sholat dzuhur nganti ba’diyahe sholat dzuhur kabeh dilakokna
karo jamaah.
5.
Ritual
penjarohan
Ritual
penjarohan saben tanggal 26 Rajab nang halaman Masjid Saka Tunggal, nggo bentuk
rasa syukur karo nggo nge-hauli mbah Mustolih pendiri Masjid Saka Tunggal karo
sekalian ngrayakna ulang tahune Masjid Saka Tunggal.
Penjarohan
asale sekang kata “jaroh” sing artine ziyaroh.
6.
Ritual
ganti jaro Masjid Saka Tunggal
Kue
ritual ngganti pager bambu sing muteri masjid, ritual kie dimeluni kabeh warga
Cikakak. Nangkene kie diarani ritual ganti jaro Rajapine. Pas gawe pagar ana
pantangan sing kudu ditaati. Ora ulih ngomong nganggo suara seru-seru, ora ulih
nganggo alas sikil, ben sing dirungokna mung suara pager bambu sing ditutuk.
Gur nganggo wektu 2 jam pager sing dawane 300 meter kie rampung.
Seliyane
maknane bareng-bareng karo gotong royong, tradisi kie juga dipercaya isa
ngilangna sifat elek kang awake menungso. Pagar kie seliyane muteri masjid juga
makam Nyai Toleh. Wong sing nyebarna agama nang Banyumas. Ana sejumlah utusan
kang kraton Surakarta karo Ngayogjakarta Hadiningrat melu njikut bagian nang
acara kie karo manjatna doa nang makam, nggo rasa syukur.
Ritual
ganti jaro Rajab kie diakhiri karo prosesi arak-arakan lima gulungan sing isine
sega tumpeng ngko nggo rebutan warga soale dipercaya isa ngkei berkah.
Trus
cerita lia sekang juru kunci, asale ana monyet akeh nang Cikakak, anu miyen pas
mangsan jumatan, ana wong mancing nang kali, trus diajak sholat nang Kyaine
tapi ora gelem palah ora sholat akhire dadi monyet trus manak akeh tekan saiki
kae monyet sing siki ngendeng-ngendeng banget anu putu-putune putune putu.
Wallohu a’lam bisshowab.
Ditudukna
makame Mbah Mustolih sing ana nang mburi Masjid, tapi ora ulih meng makam
kecuali ana hajat lan kudu njaluk persetujuan juru kunci kabeh, soale juru
kuncine ora mung siji tok.
(Rafi, Gyan,Hajar,Pak Amin, Eva, Ulum,Syaiful,Ziyana,Kuni,Jaki,Bangin)
Meng
makame kudu nyebrangi kali cilik sing jere miyen nggo mancing wong sing wis
dadi monyet kue.
(Eva Zulaiha
nang tengah-tengah kali sing pan meng makam)
Uwis rampungan kang Masjid SakaTunggal, langsung meng
pantai teluk penyu.
Pas wis tekan nang pantai teluk penyu, langsung madang
trus pada bubar-bubar, ana sing nang pasiran, nang jero bis, ana sing numpak
prau bayar Rp.15.000/wong trus nyebrang meng pulau nusakambangan, nangkana ana
Benteng Karang Bolong karo Pantai Karang Pandan pasire putih, ora terlalu rame
tapi apik pemandangane, sing teka ya wong-wong sing keren-keren, kaya ora keton
ana wong ndesa.
Nek menganah kudu nyebrang sekitar 15 menit, trus
mlaku adoh banget, kaya nang alas akeh monyet-monyet mbarang, kudu akeh
energine, aja kelalen nggawa duit karo minum, bisa juga numpak odong-odong,
biasane nggo sing ora pengen mlaku, numpak kue bayar Rp. 5000/wong.
Untung aku melu menganah,weruh keindahanalam sing ana
nang Cilacap, jebule Nusakambangan udu gur nggo urip penjahat tok, tapi akeh
wisata sing dewek kudu nganah.
(Eva Zulaiha
nang pantai karang pandan)
Kes balik nyebrang mening, siap-siap langsung balik
meng sekolah.
Humm… tanggal 21 februari 2015 jalan-jalan karo sinau
bareng pak Amin karo kanca sekelas dadi pengalaman lan kenangan sing ora bakal
tek lupakna.
Semoga kabeh mau ana manfangate. Amiiin..